Mijil ing kutha Kendal, Jawa Tengah. Minggu manis 13 Desember 1992. Sapunika umuripun 27 taun, makarya lan nggeluti babagan panyeratan wiwit alit ngantos sapunika aktif wonten ing panyeratan bab budaya Jawi lan pendidikan. Domisili wonten ing Padang – Sumatera Barat minangka penggiat literasi anak-anak lan Dewan Pengurus Yayasan TK PLN Nur Fakhira. Komunitas panulis ingkang nyengkuyung inggih punika Lacikata, Hysteria, lan Himbaja. Lulus saking UPGRIS (Universitas PGRI Semarang) Fakultas PBSJ Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa taun 2015. Karyanipun sampun kalebet wonten ing: Antologi Puisi 1000 Guru Penulis MURI Perruas, Antologi Puisi Pahlawan Media Guru, Antologi Cerkak Kusumaning Driya, Kolom geguritan Buletin Kanal, Antologi Puisi Rindu, lan buku “Guru, Datangmu Kunanti”. Ngantos sapunika tasih kathah karya ingkang dipunserat dening panyerat, supados saged kagem panyengkuyung budaya Jawa. Jawa Kuncara!