Penerbit Buku

Untitled (600 × 250 px)

Piweling (Kumpulan Geguritan)

Rp45.000

Lumakuning urip ora mesthi alus. alang-alang, krikil, udan, lan becek yaiku babagan sing lumrah kotemoni. “Mergane uwong urip iku kaya apa wae kahanane kudu semeleh, dhaup marang Gusti. Kekabehane wis ana sing ngatur, manungsa iku kayadhene wayang kang manut karo dhalange, kayadhene upa sing bakal mlebu wetenge sapa-sapane.” Mengkana piwelinge biyungku marang anak-anake, aku salah sijine.

Akeh banget piweling wong tuwaku sing ora kaetung cacahe, sing ngancani urip kanggo lumaku luwih becik.

Ora owah saka babagan weling-welingan iku mau, bakal luwih akeh piweling-piweling urip kang bakal kotemokake ana ing sajroning buku antologi geguritan iki, kanggo ngerteni kahanane urip kuwi kaya piye saka lair, bocah, tresna, impen, nganti pangeling-eling pati.

Banjur kepiye lan kaya apa isine? Buku iki wajib kanggo kanca-kanca sing pengin ngerti piweling ringkes kanggo paugeran urip lan tambah kawruh anggone gurat lan gurit kanthi basa kang gampang dingerteni. Buku antologi geguritan iki bakal cocok kanggo kanca leyeh-leyeh sinambi nyruput kopi ing wayah sore.

Jawa kuncara! (Atur Cecala Penulis)

Tag:

  • Detail Buku
  • Tentang Penulis
  • Review Buku
  • Testimoni

Penulis Devika Herfianingtyas

Penerjemah -

Dimensi13 x 20 cm

Tebalxii + 54 halaman

Cetakan2020

ISBN/QRCBN978-623-7258-26-1

Finishingsoft cover

Stok 8 pcs

Devika Herfianingtyas

Mijil ing kutha Kendal, Jawa Tengah. Minggu manis 13 Desember 1992. Sapunika umuripun 27 taun, makarya lan nggeluti babagan panyeratan wiwit alit ngantos sapunika aktif wonten ing panyeratan bab budaya Jawi lan pendidikan. Domisili wonten ing Padang - Sumatera Barat minangka penggiat literasi anak-anak lan Dewan Pengurus Yayasan TK PLN Nur Fakhira. Komunitas panulis ingkang nyengkuyung inggih punika Lacikata, Hysteria, lan Himbaja. Lulus saking UPGRIS (Universitas PGRI Semarang) Fakultas PBSJ Jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa taun 2015. Karyanipun sampun kalebet wonten ing: Antologi Puisi 1000 Guru Penulis MURI Perruas, Antologi Puisi Pahlawan Media Guru, Antologi Cerkak Kusumaning Driya, Kolom geguritan Buletin Kanal, Antologi Puisi Rindu, lan buku "Guru, Datangmu Kunanti". Ngantos sapunika tasih kathah karya ingkang dipunserat dening panyerat, supados saged kagem panyengkuyung budaya Jawa. Jawa Kuncara!

Review Pembaca (0)

Belum ada review

Testimoni Pembeli (0)

Belum ada testimoni

Buku Terkait
Ayo pesan sekarang!